Witing tresna jalaran saka kulina, tetembungan mau cundhuk karo panganggone basa, mligine basa lan sastra Jawa ing jagading pasinaon apadene ing pasrawungan.
Bisane wasis utawa prigel sarta nresnani mring budaya sranane kudu ngulinakake utawa mbiasakake nganggo/ngecakake kanthi ajeg ing wanci, papan lan kaperluan, sarta sinurung rasa setya (komitmen) lan rumangsa andarbeni marang basa, sastra lan budaya mau.
Basa minangka salah sawijining dhasar kapinteran (intelektual) tumraping manungsa, sabab kanthi basa njalari manungsa bisa sesambungan (komunikasi), sinau, olah pikir lan makarya sarta bisa ngrembakakake budaya (berbudaya).
Ora ana bangsa bisa urip tanpa basa, mula anane basa iku wigati banget. Kaprigelan lan kawasisan basa (nyemak, micara, maca lan nulis) minangka tujuan pasinaon lan pamulangan, bisa kanggo tenger utawa tandha tataran kawasisane (tingkat intelektual) manungsa.
Piwulangan basa lan sastra Jawa diangkah kanggo ningkatake kaprigelan para siswa ing sajroning wawan rembug lan nglairake gagasan migunakake basa Jawa kanthi bener lan pener, sacara lesan apadene tulis. Kejaba iku uga minangka apresiasi tumrap asiling karya kasusastran masyarakat Jawa sing pancen akeh kinandhut wewarah budi pakerti luhur.
Kanthi pasinaon lan pamulangan basa lan sastra munggahe marang budaya Jawa, ing pangajab bisa ngasilake manungsa kang wasis lan prigel saengga bisa ngadhepi kahanan jaman kang saya maju lan tinarbuka (global). Sanadyan globalisasi saya banget anempuh, basa, sastra lan budaya Jawa bisa tetep urip, langgeng lan ngrembaka nut jaman kelakone. Wong Jawa tetep setya lan rumangsa andarbeni mring basa, sastra lan budayane, saengga ora bakal lali mring jati dhirine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar