Asiling Lomba Nembang Macapat lan Maca Geguritan ing UNESA Surabaya



Mutiara Kapendhem


Rabu, 07 Januari 2009

SASI BESAR

Pawarta

Tumrap bebrayan Jawa, sasi Besar klebu salah sawijining sasi Jawa kang akeh dianggo kanggo mantu. Amarga sasi iki dianggep sasi kang apik kanggo ngrabekake anak. Nanging wiwit kapan, akeh sing padha ora ngerti asal-usule. Nganti tekan saiki, sasi Besar dadi jujugane masarakat Jawa kanggo nduwe gawe mantu. Kaya ing sasi Desember 2008 iki, yen manut petungan sasi Jawa isih klebu ing sasi Besar. Mula ora aneh yen ing masarakat Jawa akeh wong padha duwe mantu. Ing ngendi-endi wong padha ewuh mantu. Nganti sing arep jagong bingung, amarga bareng-bareng. Lan sing cetha dhuwit luwih akeh metu, amarga bola-bali nyumbang.

Saliyane iku, ing tradhisi umat Islam, klebu masarakat Jawa sing ngrasuk agama Islam padha nindakake ibadah Haji. Ibadah Haji iku uga dumadi ing sasi Besar utawa yen ing kalender Islam dijenengke sasi Dzulhijah. Ora mung masarakat Jawa thok sing padha nindakake ibadah Haji, nanging wong sadonya sing agamane Islam lan kuwat. Kabeh padha tumuju ing negara Arab Saudi, penere ing kutha Mekah. Dene ing sasi Besar iku uga, pase tanggal 10 Dzulhijah, masarakat Jawa sing ngrasuk agama Islam padha nindakake sholat Idul Adha, mbeleh kewan kurban, lan bengi sadurunge padha takbiran.

Tradisi sasi Besar uga dipengeti dening pehak kraton Mataram kanthi nggelar tradhisi grebeg, jenenge Grebeg Besar. Kraton Mataram sing nggelar grebeg yaiku Kraton Kasunanan Surakarta lan Kraton Kasultanan Ngayogyakarta. Adate grebeg dianakake nalika tanggal 10 sasi Besar. Grebeg kraton saliyane Grebeg Besar, juga Grebeg Sawal kang diadani ing sasi Sawal, mengeti Idul Fitri lan Grebeg Mulud kang diadani ing sasi Mulud utawa ing Islam diarani sasi Rabiul Awal. Diarani sasi Mulud amarga kanggo mengeti wiyosane (maulid tegese lair) Kanjeng Nabi Muhammad SAW kang miyos ing tanggal 12 Rabiul Awal.

Wawan Rembug

Sasi Besar akeh wong padha duwe gawe mantokake anake. Iku ateges akeh sumbangan. Iklas utawa ora eklas, yen entuk ulem mesthi bakal terus nyumbang. Apa maneh yen wis entuk kiriman berkat uwujud sega utawa roti, mesthi ora bisa suwala. Kayata sing dilakoni dening Bu Sarmi lan Yu Sarti (kekarone jeneng sesinglon) ing wayah esuk nalika bebarengan menyang pasar. Pacelathon kaya ing ngisor iki.


Bu Sarmi Priye Jeng, apa sesuk sliramu sida tindak mriksani grebeg Besar?

Yu Sarti Alah Bu, Bu, ingkang kangge ............ menika menapa. Rak samenika nembe usum manten ta?

Bu Sarmi Lho apa gayutane mriksani grebeg karo usum manten?

Yu Sarti Inggih wonten ta Bu. Cobi menawi badhe ningali grebeg, rak ngangge arta ta?

Bu Sarmi Ha ya, mesthi nganggo ............ Mosok nganggo kreweng.

Yu Sarti Lha menawi kathah ulem, menapa malih sampun tampi berkat, menapa boten badhe nyumbang?

Bu Sarmi Ya mesthi nyumbang.

Yu Sarti Nyumbang ngagem menapa?

Bu Sarmi Ya mesthi ............ dhuwit. Apa ya nganggo kreweng.

Yu Sarti Lha menawi pamedalipun cumpen, menapa inggih taksih menggalihaken ningali grebeg?

Bu Sarmi Wis ta genahe panjenengan mriksani grebeg ora?

Yu Sarti Cetha .......... Kejawi badhe dipun bayari. Kados pundi?

Bu Sarmi Ha ya apik wae, idhep-idhep ngamal. Rak ya ngono ta?

Yu Sarti Leres. Menika .......... kathah amalipun.

Bu Sarmi Ya wis sesuk dakampiri ya. Ora sah sangu apa-apa. Awak thok wae. Bocah-bocah diajak uga kena.

Yu Sarti Inggih Bu, matur nuwun.

Kekarone banjur pisahan nalika wis tekan pasar. Kaya ing pasinaon sadurunge, para netter utawa para maos kasuwun kersa ngisi ukara sing durung rampung. Tembung-tembung sing kacithak kandel minangka pancingan kanggo ngisi. Sugeng ngisi!

Undha-usuking tembung ngoko – krama kaya sing digunakake ing dhuwur.
Tembung Ngoko
Krama
Krama Inggil
apik sae -
dhuwit arta, yatra -
nganggo ngangge ngagem
nonton, ndelok ningali mriksani
ora boten -


Mangsuli Pitakonan

  1. Ing sasi apa akeh wong duwe gawe tumrap bebrayan Jawa?
  2. Ing sasi iku uga ana ibadah apa tumrap agama Islam?
  3. Kanggo mengeti sasi iku, Kraton Kasultanan lan Kraton Kasunanan ngadani apa?

(Sumber : www.tembi.org)


















Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Papan Nggoleki Saka Google

 
(Copyright 2008) Forum Basa Jawa SMP Negeri 1 Ponorogo